Jumat, 22 Januari 2016

Kekuatan Katresnan

TUKIJAN : maem kok koyo ngene terus yo
Dik ?
TUKIYEM : lha anane mung iki thok kok
Mas... Dwewe iki kan kudu nrimo ing
pandum to Mas... ? (nyilir wedang)
TUKIJAN : aku njaluk sepurone yo Dik...
TUKIYEM : sepuro knopo to Mas...?
(mesem) emange sampean salah opo
Mas...?
TUKIJAN : yo seprono seprene awake
dhewe bebojoan iki aku ora biso menehi
opo sing pean karepke Dik... hasil kerjoku
yo mung cukup dinggo tuku ma'eman
thok... iku wae mung sakdermo tahu lan
tempe...
TUKIYEM (nyekel tangane TUKIJAN) : Mas
TUKIJAN... pean wis cukup nggawe aku
seneng kok Mas... aku malah ngroso aku
iki wong sing paling bejo urip ning dunyo
iki...
TUKIJAN : bejo piye to Dik...?
TUKIYEM : yo bejo Mas... aku nduwe bojo
sing pangerten koyo Mas TUKIJAN, iso
nglipur aku, sholeh, gelem mbimbing aku,
gelem dadi imamku, setia, lan tanggung
jawab... yo sampean kuwi Mas... iyo...
sampean...
TUKIJAN : (mripate berkaca kaca)
TUKIYEM : sing tak karepke kuwi dudu
bondho dunyo Mas, bondho dunyo kuwi
mung sakwetoro, sing tak karepke awake
dhewe iki biso langgeng njogo tali
katresnan iki Mas, bungah susah dilakoni
bareng bareng nganti tumekane pati sing
misahke awake dewe Mas...
TUKIJAN : (mberbes mili)
TUKIYEM : nek jare mbah Darmo, "urip iku
ora usah neko-neko, sebab wong mulyo
kuwi dudu wong sing akeh bondhone, tapi
wong mulyo kuwi wong sing wani
rekoso"...
TUKIJAN : matur nuwun yo Dik... aku dadi
semangat... (mrenges karo njawil irunge
Tukiyem)
TUKIYEM : aaahh... Mas TUKIJAN... mesti
genit... (nada sebel2 menggoda) hehehe...
yo wis saiki ayo ndang di dhahar Mas...
dulang ora Mas...?
TUKIJAN : ora lah Dik...
TUKIYEM : kenopo Mas...
TUKIJAN : aku mesakke karo sing nembe
moco iki, mbok menowo isih podo jomblo
ehihihi....😁😁😁

Label: ,

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda