Ongkos Bis Murah
GUYOON SIIK Seduluur
Ben seger awake
Ora usah mikir bom 😁
MBAH PUTRI NGLENCER
Bis jurusan Wonosari mandeg neng Pasar Piyungan Yogya.
Ono simbah-simbah jaritan mudhun ngelungné ongkos duwit nèng kondèktur.
- Kondektur : "Mbah, niki ongkosipun kirang!"
- Si Mbah : "Kurang kepriyé?!"
- Kondektur : "Nggih jelas kirang! Mosok namung limangatus niki?"
- Si Mbah : "Lho, mau ono bocah mbayar sewu mangatus, terus ono sing mung sewu..!
- Kondektur : "Mbahé.. Laré sing kathok dowo abu-abu wau laré SMA mbayar sewu mangatus, sing kathokan pèndèk biru wau laré SMP mbayar sewu."
- Si Mbah : "Lho nèk ngono kuduné aku ra mbayar!
- Kondektur : "Lha mboten mbayar pripun?"
- Si Mbah : "Iyo no.. Lha wong aku ra kathokan!!!😂

0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda