Preman Mabuk
*PREMAN MALIOBORO JOGJA MABUK NING MALIOBORO MAU ESUK.*
Preman :
*'Pak... Soto siji !!'*
Tukang ronde :
*'Niki wedang ronde mas'.*
Preman :
*'Halaah, nek aku ngomong soto, yo soto...cepet !!!'*😡
Bakul ronde bingung, cepet-cepet ngladeni.
Preman :
*'Nganggo sego !!!'* 👺
Tukang ronde wedi karo tambah bingung, cepet-cepet njupuk sego nggone bakul sego sebelahe, trus di lungke preman kuwi.
Wedang ronde campur sego dipangan nganti ludes karo preman mau.
Tukang ronde mlongo bingung, terus takon :
*'Waah...telas mas, pripun...eco to ???'*
Preman :
*'Yo nek pedesé wis pas, mung nggawemu rodo kelegèn, rasane malah koyo wedang ronde'.*
😅😜🤪😍
Label: kocol

0 Komentar:
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda